Sabtu, 04 Mei 2013

GONTOR MENIKO NGGIH, ,,,,,,,,,,,,,?

Wikipedia ''Atom Feed''
Pondhok Modhèren
Darussalam Gontor
Sejarah
Kulliyatul-Mu'allimin al-
Islamiyah (KMI)
Alumni
Pranala jaba
Baca dalam bahasa lain
Terakhir diubah pada 8 bulan lalu
Pondhok Modhèren Darussalam Gontor
Diadegaké 10 April 1926
Jinis Pesantren
Afiliasi
kaagamaan
Islam
kang
ngedekake
KH Ahmad Sahal
KH Zainuddin Fananie
KH Imam Zarkasy
Lokasi Kabupatèn Panaraga,
Jawa Wétan
Pondhok Modèren Darussalam Gontor
(PMDG) yaiku pondhok pesantrèn kang ana
ing Kabupatèn Panaraga, Jawa Wétan .
Pondhok iki nggunakaké kurikulum
Kulliyatul Mu'allimin Al-Islamiyah utawa
KMI.
Pondhok Gontor ngadeg tanggal 10 April
1926 ing Ponorogo, Jawa Wétan, Indonésia.
Pondhok iki didegaké déning putrané Kiyai
Santoso Anom Besari, yaiku KH Ahmad
Sahal, KH Zainuddin Fananie, lan KH Imam
Zarkasy kang dikenal kanthi Trimurti.
Jaman biyèn pesantrèn mung dianggep
papan kang isiné santri sing ora kenal
modernisasi , santri kang ora isa ngèlmu-
ngèlmu umum lan para santri mung
dianggep ngerti bab agama. Banjur
Trimurti nggawé tatanan kang anyar lan
nggawé Pondhok Gontor kang tetep
nggunakaké tradhisi pesantrèn salaf lan
ngganti metodhe pasinaon kang
nggunakaké sistem watonan (bebarengan)
lan sorogan (dhéwé) diganti karo sistem
klasik kaya sekolah umum. Nalika ngadeg
pisanan Pondhok Gontor mung nduwèni
Tarbiyatul Atfhfal (kaya TK) banjur ana
Kulliyatul Mu'alimin Al-Islamiah (KMI)
kang padha karo lulusan sekolah
menengah. Nalika taun 1963 Pondhok
Gontor ngedegaké Institut Studi Islam
Darussalam (ISID).
Pondhok Gontor diurus déning Badan
Wakaf kang isiné wong-wong lulusan saka
alumni Pimpinan Pondhok (Kyai) kayata KH
Hasan Abdullah Sahal (Putra KH Ahmad
Sahal). Dr. KH Abdullah Syukri Zarkasy
(putra KH Imam Zarkasy) lan KH Syamsul
Hadi Abdan,S.Ag. Kang dadi pengurus
pondhok iki turun temurun, nerusaké
carané Trimurti.
Nalika kedadéan ing Mediun taun 1948 ,
Muso nguwasani dhaérah Karesidhènan
Madiun ( Mediun, Ponorogo, Magetan ,
Pacitan lan Ngawi ) lan matèni wong-wong
kang dadi tetungguling agama, nalika iku
TNI dikuwasani PKI, Pesantrèn Gontor prèi
lan padha ndhelik saka bala tentarané
Muso. KH Ahmad Sahal(alm) slamet nalika
ndhelik ing Guwa ing pegunungan dhaérah
Mlarak. Gua iku saiki diarani Guwa Ahmad
Sahal. Kahanan pondhok mbalek biasa
nalika Ngawi, Madiun, Magetan wis aman.
KH Ahmad Sahal, KH Zainudin Fanani lan
KH Imam Zarkasy mujudake modernisasi
kanthi cara nyekolahaké anak-anaké ing
sekolahan umum saliyané ing pesantrèn.
Drs. H. Ali Syaifullah Sahal (alm) dadi
Filsafat Universitas Gadjah Mada
Universitas ing Australia , uga tau dadi
dhosèn ing IKIP Malang, Dra. Hj. Rukayah
Sahal dhosen IKIP (UMJ) Jakarta lsp.
Awit saka pemikiran iku, ana kepinginan
ndadekake Pesantrèn Gontor dadi
sekolahan utawa universitas kaya
Universitas Al Azhar ing Mesir. Pondhok
Pesantren Gontor dadi universitas kang
isiné ana ilmu agama, ilmu umum lan
teknologi kanthi dhasar Islam.
Nalika taun 1994, ngadek pondhok kang
khusus kanggo putri satingkat KMI lan
perguruan tinggi kang kusus nampa murid
alumni KMI. Pondhok khusus putri iki
manggon ing lemah wakaf ambané 187
hektar. Ing Désa Sambirejo, Kecamatan
Mantingan , Kabupatèn Ngawi, Jawa Wétan.
Saiki pondhok kusus wong wadon iki nduwé
5 sekolahan, telu ing Ngawi, siji ing
Sulawesi Kidul-wétan lan sing siji ing
Kedhiri . Saiki gontor wis nduwé 17
pondhok 13 kampus Indonésia lan santri/
santriwatiné tekan 14.273 santri.
KMI yaiku jenjang sekolah manengah ing
Pondhok Gontor kang padha karo SMP lan
SMA. Suwéné sekolah isa lulus patang taun
utawa nem taun.
Wektu Sinau
Wektu sinau ing pondhok iki diwiwiti tabuh
04.30 nalika shalat subuh lan rampung jam
10 wengi. Wektu sinau ing pondhok iki
dibagi loro, yaiku:
1. Wektu sekolah biyasa wiwit tabuh 07:00
- 12:15
2. Pengasuhan diwiwiti tabuh siji awan.
Kurikulum dan Pelajaran
Kurikulum KMI kang sipaté akademis
dibagi kaya ing ngisor iki:
Basa Arab
Dirasah Islamiyah
Ilmu kagurunan lan psikologi
pendhidhikan
Basa Inggris
lmu kang mesthi
Ilmu Pengetahuan Alam
Ilmu Pengetahuan Sosial
Keindonesiaan/ Kewarganegaraan.
KMI mbagi pendhidhikan formalé ing
tingkatan kang wis katrapaké awit taun
1936. KMI nduwéni program reguler lan
intensif.
Program reguler kanggo lulusan SD /
Madrasah Ibtidaiyah (MI), suwéné sekolah
6 taun. Kelas I tekan III diitung padha karo
SMP miturut kurikulum nasional, déné
kelas IV tekan kelas VI padha karo SMA .
Program intensif KMI kanggo lulusan
SMP/MTs suwéné 4 taun.
Basa Arab lan basa Inggris didadèkaké
basa padinan lan basa nalika pamulangan,
kajaba pamulangan kang kudu nggunakaké
basa Indonésia. Basa Arab dilebokaké
supaya para santri nduwéni dhasar kang
bakoh kanggo sinau agama, déné basa
Inggris diwajibaké merga basa Inggris iku
basa kanggo pasinaon kang umum.
Pengasuhan santri iku bidhang kang
ngurusi ekstrakurikuler lan kurikuler.
Saben murid wajib dadi guru kanggo
pengasuhan nak=lika kelas V lan VI yèn
arep nerusake ing ISID lan ora bayar
sekolah nanging nduwéni kkewajiban
ngulang kelas I tekan kelas VI ing sajabané
kuliah. Ngulang, kuliyah, lan ngréwangi
pondhok iku kang dadi wujud ngabdi lan
sinaune santri.
Gladhèn tambahan kanggo guru kanthi
materi padha karo standar pendhidhikan
nasional.
Ketrampilan, kesenian, lan olahraga ora
mlebu kurikulum nanging mlebu
ekstrakurikuler.
Murid diajari organisasi-organisasi ing
sajeroné pondhok, kayata ketuwa asrama,
ketuwa kelas, ketuwa kelompok, organisasi
intra/ekstra, nganti ketua regu pramuka.
Kurang luwih ana 1.500 jabatan ketuwa
kang mesthi ganti saben nem sasi utawa
setaun. Akèh alumni kang nduwéni
pondhok.
Lulusan saka Pondhok Modèren Darussalam
Gontor kayata:
M. Hidayat Nur Wahid,Mantan Ketuwa
MPR RI
Muhammad Maftuh Basyuni ,Mantan
Mentri Agama
Din Syamsuddin, Ketuwa Umum PP
Muhammadiyah .
KH Hasyim Muzadi, mantan Ketuwa
Umum PB Nahdhatul Ulama (NU)
Emha Ainun Nadjib , Budhayawan
Abu Bakar Ba'asyir , Pimpinan Pondok
Pesantren Ngruki, Solo
Nurcholis Madjid, Cendekiawan Muslim
Ahmad Fuadi, Novelis
(id) Situs resmi
(id) Ikatan Keluarga Pondok Modern
Gontor
(id) Perguruan Tinggi: Institut Studi
Islam Darussalam
(id) Majalah Gontor, Media Perekat
Ummat
(id) Pondok Modern Gontor 6 Darul
Qiyam
Artikel perkawis Pondhok
Modhèren Darussalam Gontor
punika taksih arupi seratan
rintisan . Panjenengan saged
mbiyantu Wikipedia
ngembangaken .
Artikel iki sumadhiya nèng 1 basa
Bahasa Indonesia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar